Kamis, 10 Maret 2011

contoh Drama B.Jawa

DRAMA B.JAWA




TUKARAN









Dening
Tim Penyusun
                                            1. Adi Prastya                (01)  Sugeng
                                            2. Fitroh Dwi Hastanto (18) Reyki
                                            3. Miftahudin                 (33) Lucky

TUKARAN
           Ing sawijining dina ana bocah ingkang asmanipun Lucky lagi lungguh-lungguhan dhateng kursi. Niyate Lucky arepe nyegat Reyki lan arep diajar, because neng sekolahan Reyki ora gelem nuruni Lucky.
Lucky      :”Kari suwi arek iki, dienteni sakat mau ora teka-teka!”
            Ora suwi mara-mara Reyki teka dhewean, then Lucky nyedaki Reyki.
Lucky      :”Nyapo awakmu mau ora gelem nuruni aku, nyapo ha?”
Reyki       :”Anu . . . aku wedi karo bu Lili.”
Lucky      :”Hallah padene awakmu emoh nuruni aku, iyo to.”
Reyki       :”Karepmu Luck. Penting aku wes njawab.”
Lucky      :”Njawab opone? Njawab entute, iyo?”
Reyki       :”Y owes luck, karepmu lek ngono aku tak balik!”
Mara mara Lucky eling marang tujuane arep ngajar Reyki. Lucky langsung ngajak Reyki marang tempat sepi.
Lucky      :”Eitz, engko disek. Ayo tak jak sek.”
Reyki       :”Neng endi?”
Lucky      :”Wes to lah, melu ae! Engko lek ngerti.”
Reyki       :”Emoh . . .”
Lucky      :”Ayo milu! Tak kampleng lek gak milu.”
Reyki       :”Yo . . . yo . . . yo.”
 Tekan papan sing sepi. Lucky langsung kepingin ngajar Reyki amarga neng sekolahan ora dituruni.
Reyki       :”Lo! Kok Neng kene?”
Lucky      :”Wes gak usah kakean omong! Tak Ajar kowe!”
Lucky langsung ngajar Reyki. Lan moro-moro ono teka lan weroh, lan sugeng lansung marani bocah loro mau, niyatearep misah.

Sugeng   :”Wes . . . wes . . . kok malah tukaran.”(karo nyekeli tangane Lucky)
Sugeng   :”Ora apik ngono kuwi.”
Banjur tangane Lucky ucul. Sugeng kenek sontok Lucky. Lan Lucky nyontoki Reyki maleh.
Sugeng   :”Aduh . . . loro kenek sontok.”(karo nyekeli pipine)
Sugeng   :”Woi . . . ojo tukaran!”(karo nyekel tangane lucky)
Akhire Sugeng kasil misah bocah loro mau. Lan lingguh kursi karo ngendika.
Sugeng   :”Karo kanca kok tukaran . . . Luck-Luck. Ojo dibaleni maneh ngono kuwi! Ora                         apik ngono kuwi.”
Lucky      :”Enggih . . . “
Sugeng   :”Yo wes salaman sek!”
Banjur Lucky lan Reyki salaman. Lan akur saben dina.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar